HASTA BRATA
NO. 1
HANGGAYUH AYEM – TENTREM KANGGO ANAK – PUTU
Ono ing sajroning brayat
1. Tansah setyoa marang Allahmu – supoyo gangsar sakabehing laku.
2. Njaluko pitutur marang wong sing kok anggep wicaksono.
3. Sakabehing kahanan maturnuwuno marang Gusti Allah.
4. Karo sedulur bungah – meluo bungah, marang sedulur kang susah, meluo susah.
5. Tansah sabar ngadepi prakoro.
6. Sujuto ing antarane siji lan sijine ( lanang,- wadon,- anak )
7. Ojo mung mikir senenge/butuhe dhewe, ananging mikiro kasenengane anak bojo.
8. Enggal apuranen yen ono sing tumindak salah.
Salam saking
Bapak D. Prawiro Suwarto
6 April 1997
Diketik ulang oleh
E. Djoko Purnomo
17 Januari 2009
HASTA BRATA
NO. 2

Sarono : Mikul Dhuwur – Mendem Jero
1.Anak putu, podho mbangun turuto ing samubarang marang wong tuwamu awit iki gawe renaning Gusti.
2. Lamun anak podho ngurmati marang wong tuwane, bakal diberkahi supaya
a. Lebur dosane
b. Tansah bungah ono ing omahe
c. Diparingi kabul apa panyuwune yen pinuju sembayang
d. Diparingi dowo umure
3. Ora ono alasan kanggo bungah, amargo apese wong tuwo.
4. Yen wong tuwamu ngunduri tuwo. Tulungono ojo kok gawe susah sasuwene kowe urip.
5. Dalasan yen engetane sudo, kowe sing sabar, ojo kok sawiyah-wiyah, kowe sing isih rosa.
6. Wong sing isin marang wong tuwane, iku podho karo nyenyamah Gusti Allah, bakal ketiban supoto.
7. Yen kowe tumibo ing coba, Gusti bakal angel marang kowe.
8. Yen iki kok tindakake, kowe bakal tansah diparingi berkah dining Gusti Allah.
KARIPTO DINING
BAPAK D. PRAWIRO SUWARTO
7 JUNI 1997
Diketik ulang oleh
E. Djoko Purnomo
17 Januari 2009
HASTA BRATA
NO. 3
TATANANING BRAYAT
AMRIH TENTREMING KULOWARGO
1. Sakabehing laku lan celatumu, aturno kanthi sembah nuwun marang Gusti Allah.
2. Wong tuwo : anakmu ojo kok uring-uring, mundhak dadi cilik atine.
3. Opo wae kang kok tindakake, tindakno kanthi iklasing ati, tumindak margo ngabdi Allah, ora mergo kepekso, ora kanthi nesu, mrengut mbesengut.
4. Wong lanang, kowe sing tresno karo bojomu, lan ojo kok gawe serik.
5. Wong wadon podho manuto marang wong lanang, koyo opo benere ing ngarso dalem Gusti Allah.
6. Bocah-bocah kowe sing mbangun turut karo wong tuwamu, ing samubarang awit iki gawe renaning Gusti Allah.
7. Sing tumindak salah, bakal diwales opo salahe, ora nganggo mawang wong.
8. Margo kowe tumindak koyo mangkono, kowe bakal nompo ganjaran.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar